Khutbah Bahasa Jawa: Nresnani Rasulullah 

Terjemah Jawa Khotbah Jum’at 4

Nresnani Rasulullah 

إِنَّ الْحَمدَ لله نَحمَدُهُ وَنَستَعينهُ وَنَستَغفرُهُ وَنَعُوذُ بالله مِن شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعمَالنَا مَن يَهْدِهِ الله فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.

{ يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسۡلِمُونَ }

{يَٰٓأَيُّهَا ٱلنَّاسُ ٱتَّقُواْ رَبَّكُمُ ٱلَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفۡسٖ وَٰحِدَةٖ وَخَلَقَ مِنۡهَا زَوۡجَهَا وَبَثَّ مِنۡهُمَا رِجَالٗا كَثِيرٗا وَنِسَآءٗۚ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ ٱلَّذِي تَسَآءَلُونَ بِهِۦ وَٱلۡأَرۡحَامَۚ إِنَّ ٱللَّهَ كَانَ عَلَيۡكُمۡ رَقِيبٗا}

{يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَقُولُواْ قَوۡلٗا سَدِيدٗا ٧٠ يُصۡلِحۡ لَكُمۡ أَعۡمَٰلَكُمۡ وَيَغۡفِرۡ لَكُمۡ ذُنُوبَكُمۡۗ وَمَن يُطِعِ ٱللَّهَ وَرَسُولَهُۥ فَقَدۡ فَازَ فَوۡزًا عَظِيمًا ٧١ }

أَمَّا بَعْدُ: فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ – صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَسَلَّمَ – وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ وَكُلَّ ضَلَالَةٍ فِي النَّارِ.

Kaum Muslimin ingkang mugi tansah pinaringan rahmat dening Allah Ta’ala …

Sedaya puji namung kagunganipun Allah سبحانه و تعالى Rabb semesta alam tumrap sedaya limpahan karunia kanikmatan, ingkang ageng utawi alit, ingkang ketingal utawi boten, ingkang kita sadhari utawi boten, sedaya kanikmatan dugine saking Allah.

Ugi shalawat saha salam mugi kacurah tumrap baginda Rasulullah ﷺ sang teladan umat, pribadi ingkang agung saha kekasihipun umat.

Salajengipun … kula pesen dhumateng panjenengan supados tansah bertaqwa. Katakwaan minangka kabagyan ing donya saha kasantosan ing akhirat.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ تَتَّقُوا اللَّهَ يَجْعَلْ لَكُمْ فُرْقَانًا وَيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ

“Hei wong-wong kang iman, yen kowe kabeh padha takwa marang Allah, Kami bakal menehi tumrap kowe kabeh Furqon. Lan Kami bakal mbusak keluputan-keluputan kowe kabeh, lan ngampuni (dosa-dosa) kowe kabeh. Lan Allah sing nduweni karunia kang gedhe.” [Qs Al-Anfal:29]

Furqon  inggihmenika karunia saking Allah dhumateng sawijining hamba arupi kemampuan mbentenaken ingkang becik lan ala. Sosok manungsa ingkang paling takwa sarta paling saged mbentenaken kabecikan saha kasulayan inggihmenika Rasulullah ﷺ

Kagolong amalan manah ingkang bernilai ibadah saha kalebet sajroning tumindak takwa inggihmenika kita nresnani Rasulullah ﷺ , nresnani ajaran Rasulullah, saha ing jroning ajaran kasebut wonten pambenten kabecikan saha kasulayan, pambenten antawis kabecikan ugi kebatilan. Ajaran ingkang beliau asta inggihmenika kaleresan ingkang mutlak saking Allah. Allah ﷻ berfirman :

وَٱلنَّجۡمِ إِذَا هَوَىٰ ١  مَا ضَلَّ صَاحِبُكُمۡ وَمَا غَوَىٰ ٢ وَمَا يَنطِقُ عَنِ ٱلۡهَوَىٰٓ ٣  إِنۡ هُوَ إِلَّا وَحۡيٞ يُوحَىٰ ٤

“Demi lintang nalika angslup. Kancamu (Muhammad) ora sesat lan ora kliru. Lan ora ana pangucapane kang manut pepinginan hawa nepsune. Pocapane iku ora liya wahyu kang diwahyukne (tumrap dheweke).” {QS. An Najm: 1 – 4}

Pujian ingkang ditampi dening Rasulullah ﷺ sanes sekedar pujian saking manungsa, ananging Ingkang Maha Agung, inggihmenika saking zat ingkang gadhahi kraton langit saha bumi. Allah berfirman :

وَإِنَّكَ لَعَلَى خُلُقٍ عَظِيمٍ

“Lan temenan sira duweni akhlak kang agung.” {Qs Al-Qalam:4}

Ing antawisipun sifat mulya Rasulullah ﷺ inggihmenika sosok ingkang santun saha penyayang tumrap umatipun. Allah Ta’ala berfirman :

بِالْمُؤْمِنِينَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ

“Tumrap wong-wong mukmin dheweke penyantun lan penyayang banget”. {Qs At-Taubah: 128}

Maneka warni pangorbanan beliau lakoni, kisah ingkang kebak kasih ugi heroik kaukir sajroning sejarah ingkang nyata sadawane gesangipun Rasulullah. Maha Leres Allah ingkang sampun berfirman :

وَمَآ أَرۡسَلۡنَٰكَ إِلَّا رَحۡمَةٗ لِّلۡعَٰلَمِينَ ١٠٧

“Lan Kami ora ngutus kowe (Muhammad), kajaba kanggo (dadi) rahmat tumrap alam semesta.”  {QS. Al Ambiya’: 107}

Panci ageng trena lan kasihe Rasulullah dhumateng umatipun, banjur menapa ingkang sampun kita tindakaken kangge mbales kabecikan saha balas budi sarta tresna kasihipun? Utawi kita bakal nglakoni kadosta tiyang ingkang boten tepang balas budi?

Menawi saperangan tiyang sanget dambakaken saha nresnani sosok idolanipun  ingkang dereng nate tumindak kabecikan marang dheweke, malah “ngefans” saha tresna kang nggebu-nggebu, sedaya tindak-tandukipun ditirokne. Menapa boten layak kangge kita langkung kagum ugi tresna dhumateng sosok pribadi ingkang sampurna, akhlak  ingkang mulya, rupa ingkang elok, ugi sampun nyurahaken kasih sayang sarta trenanipun dhumateng kita?? Menawi kita boten nresnani Rasulullah, wonten pundi naluri saha akal sehat kita?

Maha Leres Allah Ta’ala ingkang sampun negesaken dhumateng kita supados langkung nresnani Allah Ta’ala saha Rasulipun ing inggile sedaya prekawis. Allah berfirman :

قُلْ إِنْ كَانَ آبَاؤُكُمْ وَأَبْنَاؤُكُمْ وَإِخْوَانُكُمْ وَأَزْوَاجُكُمْ وَعَشِيرَتُكُمْ وَأَمْوَالٌ اقْتَرَفْتُمُوهَا وَتِجَارَةٌ تَخْشَوْنَ كَسَادَهَا وَمَسَاكِنُ تَرْضَوْنَهَا أَحَبَّ إِلَيْكُمْ مِنَ اللَّهِ وَرَسُولِهِ وَجِهَادٍ فِي سَبِيلِهِ فَتَرَبَّصُوا حَتَّى يَأْتِيَ اللَّهُ بِأَمْرِهِ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ

“Yen pancen bapak-bapakmu, anak-anak lanangmu, sedulur-sedulurmu, bojo-bojomu, kaum krabatmu, bandha kasugihan kang koduweni, dodolan kang kowe sumelang ngalami rugi lan papan panggonan kang nyenengke atimu, luwih kotresnani tinimbang Allah lan Rasule sarta jihad ing dalane, mula tunggunen nganti Allah nekakne keputusane. Allah ora menehi pituduh marang kaum kang fasik.” {Qs At-Taubah : 24}

Fakta kasebut cekap dados motivasi, pengetan, indikasi saha argumentasi tumrap kaniscayaan tresna, kamutlakan tresna, ugi agenge artos tresna dhumateng Nabi ﷺ minangka figure ingkang berhak ditresnani. Prekawis menika ugi cekap minangka pengetan keras dhumateng tiyang ingkang langkung nresnani bandhanipun, garwanipun, saha putra-putranipun tinimbang Allah saha Rasulipun. Nalika Allah berfirman ( فَتَرَبَّصُوا حَتَّى يَأْتِيَ اللَّهُ بِأَمْرِهِ ) “…mula tunggunen nganti Allah nekakne kaputusane…”, ing wingking ayat Allah nyatakaken kefasikan tumrap tiyang kasebut saha nggolongaken kalebu tiyang sesat marginipun, ingkang boten kabimbing dening pituduh Allah. ( وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ ) “….Allah ora menehi pituduh marang kaum kang fasik”.

Pramila nresnani Rasulullah ﷺ inggihmenika sawijining kelaziman saha keharusan tumrap tiyang mukmin, malahan Rasulullah langkung berhak tumrap saben muslim tinimbang dheweke piyambak. Allah berfirman :

ٱلنَّبِيُّ أَوۡلَىٰ بِٱلۡمُؤۡمِنِينَ مِنۡ أَنفُسِهِمۡۖ وَأَزۡوَٰجُهُۥٓ أُمَّهَٰتُهُمۡۗ

“Nabi iku luwih utama tumrap wong-wong mukmin tinimbang dheweke dhewe lan bojo-bojone yaiku ibu-ibune dheweke…” {QS. Al Ahzab: 6}

Saking Abdullah Bin Hisyam ngendika : “Kami tau bareng Nabi ﷺ nalika beliau lagi nggandheng astane Umar bin Khattab, wektu iku Umar matur marang Kanjeng Nabi :

لأَنْتَ يَا رَسُوْلَ اللهِ أَحَبُّ إِلَيَّ مِنْ كُلِّ شَيْءٍ إِلاَّ مِنْ نَفْسِيْ . فَقَالَ : لاَ وَالَّذِيْ نَفْسِيْ بِيَدِهِ حَتَّى أَكُوْنَ أَحَبَّ إِلَيْكَ مِنْ نَفْسِكَ . فَقَالَ : لَهُ عُمَرُ : فَإِنَّكَ اْلآنَ أَحَبُّ إِلَيَّ مِنْ نَفْسِيْ . فَقَالَ : اْلآنَ يَا عُمَرُ

“Dhuh Rasulullah, sejatine panjenengan langkung kula tresnani tinimbang menapa kemawon kajaba marang dhiri kula piyambak. Pramila Rasulullah ﷺ ngendika : “Ora, demi Allah kang jiwaku ana ing asta-Ne, nganti aku luwih kotresnani tinimbang awakmu dhewe wahai Umar”. Pramila Umar kanthi spontan nyatakaken, “Sejatine sakmenika demi Allah, panjenengan  bener-bener langkung kula tresnani tinimbang dhiri kula piyambak.” Pramila Nabi ﷺ bersabda : “Nah, lagi saiki hei Umar”. [Muttafaqun ‘Alaih]

Para sahabat Rasulullah ﷺ minangka generasi paling becik ingkang sampun dipuji dening Allah saking inggil langit inggihmenika pribadi-pribadi ingkang ngagumke saha teladan sajroning mujudake tresnane dhumateng Rasulullah ﷺ . Kamurnian tresna para sahabat dhumateng Rasulullah nyentuh sanget ing relung penggalih, nguwasani kalbu saha prasaan batin para sahabat. Banjur para sahabat nerjemahne raos tresna kasebut sajroning  tindak-tandukipun kang nyata.

Delengen kepriye ketaatan saha kepatuhan para sahabat dhumateng Rasulullah ﷺ ?

Ugi delengen saha sinaoni sejarah mereka ! Pripun mereka lila ngurbanaken sedaya ingkang bernilai inggil sanget sarta berharga demi tresnane dhumateng Rasulullah ﷺ.

Al Imam Asy Syafi’i rahimahullah berkata:

لَوْ كَانَ حُبُّكَ صَادِقًا لَأَطَعْتَهُ *** إِنَّ الْمُحِبَّ لِمَنْ يُحِبُّ مُطِيْعٌ

“Saumpama tresnamu bener mesthine koe bakal naati *** sejatine wong kang nresnani iku bakal asikap taat tumrap wong kang ditresnani.”  [Diwan Asy Syafi’i]

Panci leres menapa ingkang sampun diuntaikan dening Al Imam Asy Syafi’i sajroning bait sya’iripun, amargi Allah sampun dhawuhaken kita kanthi firmanipun :

وَمَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانْتَهُوا

“Apa kang diwenehke Rasul marang sira (arupa prentah), mula tampanen (lakonana). Lan apa kang dipenging marang sira, mula tinggalna.” {QS. Al-Hasyr:7}

Sajroning pangorbanan kita saged ningali katladanan para sahabat Rasulullah. Tuladhane: nalika wonten ing palagan, Abu Dujanah t nglindungi Nabi ﷺ kanthi badanipun minangka tameng satemah anak panah-anak panah nancep ing gegere kang njalari kebak tancepan anak panah.

Mekaten ugi Zaid bin Datsinah t nalika diunggahne neng inggil cagak kayu kanggo disalib, nalika ditakoni, “Ngakua wahai Zaid, apa kowe luwih seneng Muhammad ing panggonanmu saiki sing kodelok dhewe, banjur kami bakal mancung gulune, lank owe krasa aman tumrap kaluwargamu?”.

Jawabe, “Demi Allah kang jiwaku ana ing asta-Ne, aku ora pengin Muhammad ing panggone saiki ketujes dening siji eri wae kang nglarani dheweke nalika aku lungguh santai ing tengah kluargaku”.

Mugi shalawat, salam saha kaberkahan kacurah dhumateng Nabi kita Muhammad ﷺ saha mugi Allah ngrindhoi sedaya sahabat beliau ingkang minulya.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيَ اللهُ وَإِيَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ كَمَا تَسْمَعُوْنَ وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَالْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khotbah Kapindo

اَلْحَمْدُ لِلهِ عَلَى إِحْسَانِهِ, وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ, وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إله إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ تَعْظِيْماً لِشَأْنِهِ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا مَزِيْدًا.

Ma’asyiral muslimin ingkang mugi-mugi dimulyakne dening Allah …

Sawijining pambanding ingkang sederhana, inggihmenika wong kang lagi nandang tresna utawi ngefans kaliyan tiyang sanes, kinten-kinten menapa ingkang dheweke lakoni tumrap kekasih utawi idolane kasebut? Kepriye sikap saha tumindake?

Dimanjakne, dijaga, boten lila enten kang nglarani dheweke, nyaguhi saben panjaluke, prentahe dituruti lan dilakoni, kang boten diremeni dheweke tumut boten remen, menawi dipenging manut, menawi nandang duka tumut ngraosaken sedhih, menawi dheweke susah tumut susah….

Saben wekdal kangen pengin kepanggih saha sesambungan kaliyan dheweke, disebat-sebat asmane kanthi sedaya kabecikan sajroning aktifitas….

Banjur, menapa kita sampun nresnani Rasulullah ﷺ ? dene beliau ﷺ bersabda :

لاَ يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى أَكُونَ أَحَبَّ إِلَيْهِ مِنْ وَالِدِهِ وَوَلَدِهِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِينَ.  رواه البخاري

“Ora iman wong iku ing antarane kowe nganti aku luwih ditresnani tinimbang wong tuwane, anake, lan kabeh manungsa”. [HR Bukhari.]

Bebungaha tiyang-tiyang ingakang sampun ndadosaken Rasulullah ﷺ minangka sosok idola ingkang sanget dheweke tresnani  saha dheweke kangeni, sarta tansah berharap dhumateng Allah supados saged dipanggihne kaliyan beliau ing swarganipun ingkang paling inggil. Abu Hurairah t nuturaken; bilih Rasulullah ﷺ bersabda :

” مِنْ أَشَدِّ أُمَّتِي لِي حُبًّا، نَاسٌ يَكُونُونَ بَعْدِي، يَوَدُّ أَحَدُهُمْ لَوْ رَآنِي بِأَهْلِهِ وَمَالِهِ “

“Ing antarane umatku kang paling jero tresnane marang aku yaiku wong-wong kang urip sakwise aku, salah sijine ing antarane sira kabeh pengin ketemu karo aku bebarengan kluwargane lan bandhane”. [HR. Muslim]

Kagolong bukti tresna Rasul ﷺ inggihmenika ngathahi nyebat kanthi donga shalawat saha salam dhumateng Rasulipun. Amargi, tiyang ingkang nresnani saperangan bab puniku mesthi kerep nyebat shalawat. Kadosdene Allah ndhawuhaken :

إِنَّ ٱللَّهَ وَمَلَٰٓئِكَتَهُۥ يُصَلُّونَ عَلَى ٱلنَّبِيِّۚ يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ صَلُّواْ عَلَيۡهِ وَسَلِّمُواْ تَسۡلِيمًا ٥٦

“Sejatine Allah lan para malaikate bershalawat marang Nabi. Hei wong-wong kang iman sampekna donga lan shalawat uga salam marang dheweke (Muhammad) kanthi satemene.” {Qs Al-Ahzab:56}

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الأَئِمَّةِ المَهْدِيِيْنَ أَبِيْ بَكْرِ الصِّدِّيْقِ ، وَعُمَرَ الفَارُوْقِ ، وَعُثْمَانَ ذِيْ النُوْرَيْنِ، وَأَبِي الحَسَنَيْنِ عَلِي، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ، وَعَنِ التَابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِمَنِّكَ وَكَرَمِكَ وَإِحْسَانِكَ يَا أَكْرَمَ الأَكْرَمِيْنَ.

اللهم إَنَّا نَسْأَلُكَ إِيْمَانًا كاَمِلاً وَيَقِيْنًا صَادِقَا وَنِيَّةً خَالِصَةً وَعَزِيْمَةً رَاشِدَةً…. اللهم إَنَّا نَسْأَلُكَ قَلْبًا خَاشِعًا وَلِسَانًا ذَاكِرًا وَعَمَلاً صَالِحاً مُتَقَبَّلاً.

اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ حُبَّكَ وَحُبَّ مَنْ يُحِبُّكَ وَحُبَّ عَمَلٍ يُقَرِّبُ إِلَى حُبِّكَ.

اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Diterjemahke dening : Yulianto

2 Komentar

  • ElyseAnave

    new dating trends
    free online marriage match making

    Let’s be friends. Join us.
    Link availability is limited.
    https://ic9.in/5001079

  • Sutarmo

    Ijin tadz untuk copy paste, untuk bahan khutbah di kampung
    Jazakumullah khoiron

Tinggalkan Komentar

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Traktir Kopi

Traktir dengan sedikit secangkir kopi untuk ikut serta membantu dakwah dengan media

Traktir Secangkir Kopi